Cari Blog Ini

Konsep Hidup Menurut Kakakku


Urip iku ra bedo adoh garo fasafahe banyu
seng di karepake mong siji,
hiyo iku tinemu papan kang paling jeru(nisor)/hilir(=indo)
ssenajan den bendungo
dadi tambah agung
tambah kuat,

banyu ugo biso adaptasi
garo saben papan seh diliwati.
papan kotak bentuke yo dadi kotak
papane bunder yo melu bunder.
dene papane dowo yo melu dowo

molah malihe bentuke banyu miturut papane mau..
gudu ndudohke yen banyu iku goyo bunglon..
nging mergo banyu iku fleksibel..
tur nyesuwekke nangeng hura ninggalke sifat banyune.

dene di empakno nang watek watuke manungso...
urip iku kudu iso njunjung duwor po kang wos dadi tujuane urip
wes podo mangerteni dene tujuan uripe manungso
ki nggor kanggo madep mantep ateges ngibadah
dateng GUSTI KANG MOHO SIJI hiyo ALLOH..

dene keno musibah..
yen banyu mau den bendhung...
mongko manungso kedah ngumpulakae kekuatan..
dene seh dadi kekuatane manungso iku
sabar, ikhlas, tur tawakkal marang GUSTI.
ateges.. ora pasrah bongko'an.
tetep nganggo usaha..

watek banyu seh biso molah-maleh miturut papane
ateges. beleh manungso kagungan sifat sosial (gudu sok sial)
saben papan (lingkungan) manungso gudu iso nyesuwekke
kahanan opo kang ono biso dadi pengiling tur penguat bathin
menowo lingkungane rusak, mongko biso nyesuwekke
nging hura ninggal watek manungsone kang kajibah dadi khaolifah fil ardli
dene lingkungane sahe, mongko hiyo tambah sahe..

dolor. iki mong omongane wong ngelindur. onok salah kladuke omong wes lumrahe.
seng nulis hurak tau sekolah.
ngoor iso mo lan nulis nging isih kurang toto kromo...
mulo.. kulo nyuwon duko..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar